Sabtu, 21 September 2013

SERAT DEWA RUCI KAWEDAR ( SINOM )



 
DEWA RUCI
Serat Dewa Ruci Kawedar (Sinom)
Kadibyan Ᾱkāça – Sabtu, 21/09/2013 – 14:21 WIB 

“Kadi kang kasebut ngarsa, sanadyan jiwa wus ci
Yen tuwuh kanepsonira, yekti wangsul wadag malih,
Makaten kaprah ugi, tumrap pra parameng kayun,
Nadyan panapranawa,mring doning kasidan jati,
Samadyane isih ngrusuk badan wadag”.

“Ugi masih sinandangan, lali eling weuh gingsir,
Apan punika busana, angen-angenipunaurip,
Marma traping pakarti, adakane kaduk kadung,
Titise kala mangsa, jer kridane akal budi,
Gung sinartan lan pencaring punca driya”.

“Marma madyan pra pandita, datan pegat ateteki,
Pangulahing bratanira, linambaran eneng ening,
Empaning akal budi, pinardi mrih menepipun,
Mungkuring pancadriya, sinidikara mrih titis,
Linalantih kenia pinet wahan”.


“Pandan tumanduking nala, sinarengan awas eling,
Awas marang pangrencan, kang kudu dipun peringi,
Eling marang pangesti, jiwa kongsikeron panggayuh,
Jer traping tapa brata, jatine amung nglelantih,
Ajar-ajar kang supadya jiwanira”.  

“Tuman tumameng legnyana, ucul saking bebandaning,
Budi ngakal pancadriya, nadyan kabeh andarbeni,
Pangwasa jroning urip, nanging kabeh kudu tunduk,
Mring wasesaning jiwa, malah lamun ana gati,
Akal budi pancadriya gya tinilar”.

“Tan cinatur dangunira, miwah sempalaning gati,
Dupi Sang Sena wus wreda, kagugah usuking galih,
Kumedah angambali, patemon lan gurunipun,
Yeku sang Ruci dewe, adreng tiyase Bajusiswi,
Sotaning teyas lir brangta kanduang rimang”.

“Saking sruning tyas katresnan, samana Sang Banyusiwi,
Mulya tilar kasatriyan, lalu mahas ing asepi,
Jajah traping Maharsi, mangasrama aneng gunung.
Peparab Bima Paksa, ya Bagawan Bima Suci,
Para putra sami nyantrik anjejangan”.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar