Rabu, 18 September 2013

SERAT DEWA RUCI ( POCUNG)



“Nora loput, rasa pangrasa kang mikut,
marang atmanira, supadyatetap ngrenggani,
neng swargane kang pranyataadi mulya”.

“Awit aku,mung netapiwajibipun,
wus wataking rasa, sungkan papa kudu mukti,
yen wus mukti tan sumedyangingketana”.

“Yen sireku, wus marem katrem neng ngriku,
uga ora lepat, jamak lumrahing dumadi,
kang binudi tar len marem luhur mulya”.

“Amung kulup, srenging tyasira anggayuh,
Niring sucining gesang, isih aran nampikmilih,
mring cadangan purba wasesaning Sukma”.  

“Sruhanmu, nampik milih uga prelu,
nanging empan papan, ukur gati kang binudi,
yen ambudi marang sampurnaning gesang”.

“Dipun emut, Sira asal saking Ingsun.
“Jogya traping tekad, kudu wangsul mring Hyang Widi,
dadi tetap milih mula mulanira”.
      

Tidak ada komentar:

Posting Komentar