WONG Jawa biyen yeng golek mantu utawa golek jodho nggunakake ukuran utawa kriteria telu, yaiku bibit, bobot, bebet. Calon mantu utawa calon jodho sing becik, sing nyukupi sarate yaiku yen diwawas saka bibite becik, bobote ya abot, bebete ya klebu kecukupan. Bibit iku dianggep wigati dhewe awit asal usul utawa sarasilah iku gedhe dayane tumrap generasi candhake. Yen turuning wong becik mestine ya becik lan bisa nglairake generasi kang becik. Kosokbaline yen wong sing ala mesthine ya angel nurunake generasi sing beci Ing babagan tetanen lan ingon-ingon, bibit unggul iku pancen gedhe paedahe amarga bibit unggul iku akeh asile lan becik kualitase. Ilmu genetika iku wis maju baget naging kanggo bab pamilihe bibit unggul tumrap manungsa, ana pepalang saka wawasan etika. Adate ya mung kuwawa saka anake sapa, putune sapa, kahanane kepriye.
Dene bab bobot iku magepokan karo kahanane calon mantu
utawa calon jodho mau: sekolahe apa, nyambutgawene dadi apa, klebu uga bocahe
bagus/ayu apa ora. Apa nduweni cacat, lan sakteruse.
Dene bab bebet sing dikarepake yaiku bab bandha utawa
kesugihane. Kekayaan iku ora bisa dipisahake karo kekayaan wong tuwane,
luwih-luwih tumrape bocah wadon.
Dhek jaman biyen adate bocah lanang utawa wadon iku
dijodhokake dening wong tuwane. Bocahe dhewe terkadhang sok durung tepung karo
calon jodhone. Kanthi mangkono wong tuwa bisa ngugemi bab syarat-syarat sing
gegandhengan karo bibit, bobot, bebet mau.
Tumrap jaman saiki, kriteria bibit, bobot, bebet wis
ora pati diugemi. Bocah-bocah padha golek jodho dhewe-dhewe, ora dijodhokake
dening wong tuwane. Siji-sijine ukuran yaiku tresna utawa cinta. Tresna iku
tuwuh ing sesrawungan. Thukule rasa tresna iku biasane saka panyawang, dadi
saka ayu utawa baguse rerupan. Daya tarik ing antarae siji lan sine sing dadi
ukuran. Bab asal-usul utawa sarasilah adate ora pati digetekake. Sing penting
wis padha tresnane. Rasa tresna sng gedhe nuwuhahe tekad lan kemanteban kanggo
mbangun bale wisma. Yen wis padha tresna, wis padha manteb, arep apa maneh? Iki
uga ora geseh karo paring pangandikane Sunan PB X nalika paring dhawuh marang
para putra-putrine kang kamot ing Serat Wulangreh Putri. Wong nambut silane
akrami utawa dadi manten iku pawitane mung siji, yaiku antebing ati, dudu
bandha dudu rupa. Petikan tembang ‘’Asmaradana’’ mau katur ing ngisor iki.
Pratikele wong akrami,
dudu brana dudu warna,
amung ati pawitane,
luput pisan kena pisan,
yen gampang luwih gampang,
yen angel angel kelangkung,
tan kena tinambak arta.
(SuaraMerdeka.com
- 12 Maret 2013 | 23:15 wib - RED/CN37)